LINTANG~LINTANG

Oleh Sintasidor

Lintang~lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar~gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

Lintang~lintang alihan
cumlorot teluana pundhakku
kawitan lintang abang litang perang 
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Komentar